Rabu, 16 Mei 2012

Macam Macam Limbah Cair

Macam Macam Limbah Cair 

Limbah cair adalah segala jenis limbah yang berwujud cairan, berupa air beserta bahan-bahan buanga lain yang tercampur (tersuspensi) maupun terlarut dalam air. Limbah cair dapat diklasifikasikan dalam 4 kelompok yaitu :

1. Limbar cair domestic
Yaitu limbah cair hasil buangan dari perumahan (rumah tangga), bangunan perdagangan, perkantoran dan sarana sejenis.
Contoh limbah cair domestic adalah air deterjen sisa cucian, air sabun, dan air tinja.

2. Limbah cair industri
Yaitu limbah cair hasil buangan industri. Contoh limbah cair industri adalah air sisa cucian daging, buah, atau sayur dari industri pengolahan makanan dan dari sisa pewarnaan kain/bahan dari industri tekstil.

3. Rembesan dan Luapan
Yaitu limbah cair yang berasal dari berbagai sumber memasuki saluran pembuangan limbah cair melalui rembesan kedalam tanah atau melalui luapan dari permukaan. Air limbah dapat merembes ke dalam saluran pembuangan melalui pipa yang rusak, pecah, atau bocor sedangkan luapan dapat terjadi melalui bagian saluran yang membuka atau terhubung ke permukaan. Contoh limbah cair yang dapat merembes dan meluap ke dalam saluran pembuangan limbah cair adalah air buangan dari talang atap, pendingin ruangan (AC), tempat parker, halaman, bangunan perdagangan dan industri, serta pertanian atau perkebunan.

4. Air Hujan
Yaitu limbah cair yang berasal dari aliran air hujan di atas permukaan tanah. Aliran air hujan di permukaan tanah dapat melewati dan membawa partikel-partikel buangan padat atau cair sehingg dapat disebut sebagai limbah cair.

Kamis, 10 Mei 2012

Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande Lumut''


Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande Lumut''

Skenario Drama
“Ande-ande Lumut”
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan <awal>)
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)
Pangeran                       :   Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
Bejo                              :   Pangeran….  Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).
Pangeran                       :   aduh…  kowe kui ati-atio….
Bejo                              :   hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…
Pangeran                       :   rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo                              :   wonten napa pangeran….
(keterangan:  dua orang duduk bersama dan bercerita)
Pangeran                       :   Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo                              :   Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)
Pangeran                      :   Siapa kui jo…
Bejo                             :   kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran                      :   ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan:  Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
Pangeran                      :   Kulanuwun… bu….
(keterangan:  Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)
Mbok rondo dadapan      :   waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran                       :   kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan       :   Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran                        : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan       :   Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran                        :   Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan        :   mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe          tak jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan:  Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)

(Musik 3 di hutan < akhir > )
Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting <awal>)
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun  ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo Kleting           :     Anak-anakku  sing ayu-ayu…rene ndug
Kleting-kleting                  :     injih . Mbok…
Mbok rondo                      :     ngene ndug ana berita sing penting banget…
Kleting merah                   :     Berita apa to mbok… (dewasa)
Kleting Hijau                     :     iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo kleting)
Mbok rondo kleting            :     kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting                 :     Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….
Mbok rondo klenting          : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting                 : wahh ,,,purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)
Mbok rondo kleting            :     iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
Kleting-kleting                  :     Iya mbok.. purun_purun…
Kleting merah                  : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
Kleting hijau                 : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….
Kleting merah               : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting         :  wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!!   Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting                  :injih  mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning                  :     Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting           :     Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning                  :     Sampun mbok…, ngenten  mbok… Jambu opo Jeruk Aku melu Opo ntuk. kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling           :     Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(keterangan:  mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)
Mbok rondo Kleting           :     yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan:  Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting kuning                  :     Injih mbok…
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
Mbok rondo Kleting           :     Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut  yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan:  mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting <akhir>)

Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib <awal>)
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Kleting Kuning             :   Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib <tengah>)
Suara Ghaib                :   Hai… cah wadon ayu.
Kleting kuning             :   Siapa kui…
Suara Ghaib                :   Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning             :   ameh ngapa kowe?..
Suara Ghaib                :   Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting kuning              :   Injih matur nuwun..
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib <akhir>)

Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan:  Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu kangkang                 :   Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah  dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting merah                   : Wah… kaline banjir…
Kleting hijau                     : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting merah                   : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting hijau                      : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting merah                   : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang                  : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting merah                    : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
Yuyu kangkang                    : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting merah                      : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit??  Wah kowe kui mata duitan…
Kleting hijau                        : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang                    : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting                     : Prett….
Yuyu kangkang            : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting merah              : apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang           : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting hijau               : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting merah             : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang           : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
Kleting merah             : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
Yuyu kangkang            : Wah…  seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
(keterangan:  datanglah kleting kuning akan menyebrang)
Yuyu Kangkang             :   Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning               :   Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan                :   Hahaha… aku wegah
Kleting kuning                :   mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang              :   aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek
Kleting Kuning               :   alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
Kleting kuning                :   Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah  kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting                    : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan           : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting merah                     : kula mbok…Kleting Merah
Kleting Hijau                       : kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo dadapan           : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting                     : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan           : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
(keterangan:  mbok rondo menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)
Mbok rondo dadapan           : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut                    : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan               : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting hijau                           : Cobi kulo mbok…
(Musik 14 : kleting ijo)
Mbok rondo dadapan                : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut                      : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan                   : wah… ora glem kabeh kae…
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
Kleting kuning                           : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan                  : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning                           : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan                  : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah                            : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning                           : Di coba disik mbok…
(Musik 15 : kleting Kuning)
Mbok rondo dadapan                  : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut                     : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan                : Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut                     : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
Mbok rondo dadapan                : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut                     : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
 Mok rondo dadapan                : Apa kui???
Ande-ande lumut                    : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan               : Apa… pangeran…???
Kleting-kleting                        : haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.
(Musik 16 : penutup )
Selesai


Cerkak Salah Sasaran


Salah Sasaran

Mas Giman, crita punika namung fiktif, sekedhar kangge ndherek ngregengaken siaran lelangen. Sumangga kawaosna ! :
Ing ndesa Jabalkat, ana sawijining randha enom duwe anak wadon siji sing wis ngancik diwasa. Gandheng uripe ya mung dhanyang buruh, mula anake mbok randha sing jeneng Inah, bareng wis lulus SD ya njur mogok ora gelem sekolah, dhasar bocahe ya ngerti yen kanggo mangan wae rekasa, apa maneh kanggo wragat sekolah.
Inah lan mbokne, ing sadina-dinane nyambut gawe golek pangan dhewe-dhewe. Mbok randha buruh tandur apa derep, dene Inah buruh ngumbahi apa setlika nggone tanggane. Pokoke, lelorone golek pangan saentuke ning dhewe-dhewe jalure.
Wis ana seminggu iki mbok randha dikongkon masakake pak Wigeno sing lagi nyambat ndandani omah, biyen gedheg diganti bata. Mbok randha mono senajan wis nduwe anak prawan, ning merga wonge tansah ngrumat awak, resikan lan seneng jejamu, mula ora mokal senajan wis umur telung puluh telu taun isih katon kempling, isih katon sedhep yen sinawang priya.
Pak Wigeno sing wis ditinggal ngajal bojone udakara telung taunan kuwi, wis rumangsa kesepen banget. Mula anane mbok randha sing dikongkon masakake tukang ing omahe, sing saben ndina ana ngomahe kuwi kena kanggo tamba, senajan mung entuk nyawang, lan ngajak omong-omong yen pinuju sela lan sepi uwong. Pak Wigeno sok mancing-mancing gunem, e mbokmenawa mbok randha isih gelem yen diwengku priya. Merga nyatane pak Wigeno suwe-suwe ana rasa sir lan seneng karo mbok randha sing isih kempling lan sedhep kuwi.
Ning gandheng mbok randha wong lugu, mula ora tanggap karo karepe pak Wigeno sing sok ngganyik ngajak omong kuwi. Ngertine majikane kuwi ya mung wong apikan ngono. Kejaba kuwi, senenge mbok randha ya anggone pak Wigeno nyah-nyoh dhuwit, ora ketang kuwi mung susuk olehe blanja. Pak Wigeno ngerti, yen mbok randha senengane mung tuku jamu, yen tuku jajan paling-paling ya mung gethuk thiwul sing mbejaji limang atusan.
Yen Inah pas ora ana sing kongkon utawa mbutuhake baune, karo mbokne ya sok dikon ngrewangi olah-olah neng nggone pak dhudha. Semono mau dening pak Wigeno , Inah ya di wenehi persen utawa pituwas dhewe. Gandheng mbok randha ora tanggap karepe pak Wigeno , mangka pak Wigeno sejatine kepingin banget ngrumat (ngepek) mbok randha, mula pak Wigeno meneng-meneng mara neng dhukun njaluk pengasihan supaya mbok randha seneng lan gelem nanggapi karepe utawa dirabi.
Mbah dhukun njur takon pak Wigeno :
“Pak Geno, napa sampeyan ngertos kesenengane mbok randha ?”
“O ngertos sanget mbah dhukun, mbok randha niku senengane mung ngombe jamu”.
“Lha nek mung ngoten mawon gampang”. Kandhane mbah dhukun.
“Sesuk sampeyan tuku jamu galiyan putri njur dibekta mriki, nek empun kula mantrani, sampeyan sukakake mbok randha kajenge diombe”.
“O nggih mbah dhukun”. Tenan sawise pak Wigeno masrahake jamu njur dimantrani mbah dhukun, pak Wigeno nggawa jamu mau mulih njur diwenehake mbok randha karo kandha :
“Gilo mbok randha, aku tuku jamu galiyan, nyoh ombenen ben awakmu waras, giyat olehmu nyambut gawe !”. Mbok randha nampani kanthi bungah tembunge :
“Nuwun sanget pak Geno, mangkeh kula ombene”. Jamu ditampani njur digawa mulih, sawise rampung gaweyane. Tekan ngomah jamu diseleh meja, rekane arep diombe mengko yen wis arep mapan turu.
Sore iku Inah uga mulih saka nyambut gawe, dikongkon meme gabah mbah Pawiro wetan kana. Mlebu ngomah weruh jamu neng meja, mangka mbokne lagi adus neng sumur mburi omah, Inah mikir : Wah sedina meme gabah awakku kok krasa kesel, ben jamune simbok tak ombene, ben mari kesel. Jamu diombe sepisan gusis, gelas digawa neng pawon njur di asahi. Rampung adus, mbok randha mlebu ngomah ora nglegewa nek jamune wis di ombe Inah, mula ya meneng wae. Kosok baline Inah, sawise ngombe jamu, kaya-kaya kok mung ketok-ketoen pak Wigeno wae, mula kandhane karo mbokne :
“Mbok, sesuk aku tak melu nyambut gawe kowe ya, wong sesuk aku nganggur”.
“Ya kena wae ta nok, aku ya seneng kok yen mbok re wangi”. Kandhane mbokne bungah. Nalika arep mapan turu mbok randha lagi eling jamune. Niliki ndhuwur meja wis ora ana, mbok randha njur takon Inah anake :
“Nok, kowe weruh jamu ning meja kene ?” Gage wangsulane Inah :
“Weruh mbok, wis tak ombe, jeneh aku krasa kesel je mbok”
“O o ya wis nok, padha wae, jare pak Wigeno , kuwi ya jamu mari kesel, wong sing menehi dheweke”.
“O dadi jamu kuwi mau pawehe pak Wigeno ta mbok ?”
“Iya, ya lumrah ta nok, wong aku bebaune”. Inah njur mikir, genea sawise ngombe jamu kok njur ton-tonen wewayangane pak Wigeno ? Tenan esuke Inah melu mbokne nyambut gawe neng omahe pak dhudha. Inah gumun, genea yen weruh pak Wigeno atine kok rasane seneng banget. Bareng weruh tekane mbok lan anak kuwi, pak Wigeno takon mbok randha :
“Piye mbok randha, jamune rak jos ta ? Mesthi keselmu njur ilang”. Gage panyaute Inah :
“Wong kula sing ngobe pak Wigeno , tikna kesel, kula mboten taros kalih simbok”.
“Dadi malah kowe ta Nah sing ngombe ?”
“Enggih, nyuwun ngapunten nggih pak !”
“Ora papa ..... ora papa Nah, lha kowe mrene ki apa ora di sambat tangga teparo kon ngumbahi apa setlika ?”
“Mboten pak, malah kula kok njur kepingin mriki ngrencani simbok”. Dheg .... atine pak Wigeno bungahe ngayang batin. Ngarah mbokne kok malah kena anake. Kandhane :
“Wista Nah, nek perlu kowe neng kene ngrewangi mbokmu terus, gaweyanmu cukup reresik njero ngomah karo blanja, uga nyepakake manganku. Mbokmu ben sing mangsak lan nyapu njaba”.
“Enggih pak, ndherek mawon”. Ngono wangsulane Inah seneng banget.
Saiki wis ana sesasi Inah nyambut gawe neng nggone pak Wigeno . Pak Wigeno saya mantep, yen aji pengasihane wis tumama neng Inah. Kerep wae Inah dijawil...... dijanggut meneng wae. Saben ndina sisa dhuwit blanjan sing njarag diluwihi, mesthi dikon ngepek kabeh, saya gawe bungahe Inah. Dheweke sasat kaya wis klebu wuwu. Dirangkul, diaras pipine, dijejeri lungguh mepet, Inah rasane mung seneng. Ning pendhak rampung nyambut gawe, Inah mesthi diajak mbokne mulih, sing mesthi wae ora bisa suwala.
Mangka sejatine Inah kuwi wis sambung tresna karo Wagiyo sing nyambut gawe dadi tukang kebon sekolahan SD ing ndesane.
Sakploke Inah nyambut gawe neng nggone pak dhudha, wis ora tau kelingan karo Wagiyo pacare. Kosok baline Wagiyo sing pendhak sore mara neng ngomahe, ngomah suwung, merga mbok randha lan Inah durung mulih. Merga wis kangen tenan, Wagiyo ngenteni samulihe. Bareng wong loro mulih, Inah ya terus nemoni kaya adat saben. Crita ngethuprus, anggone wis seneng nyambut gawe nggone pak dhudha, merga saben ndina Inah mesthi diwenehi dhuwit. Nyambut gawene sak karepe, tur diuja karo pak dhudha. Kerepe mung diajak lungguhan karo omong-omongan.
Krungu pengakuane Inah mau, Wagiyo sing tilas bocah pondhok kuwi krasa, yen Inah mesthi wis diguna-guna karo pak dhudha. Mula niyate Wagiyo arep nawarake pelet mau srana njaluk pitulungan mbah Kaji, wong sing dianggep pinter ing samubarange. Tenan sawise Wagiyo sowan mbah Kaji, dening mbah Kaji didhawuhi pasa mutih telung ndina, njur diwenehi banyu putih sabotol. Dhawuhe mbah Kaji, banyu kuwi dikon ngombe Inah, turahane dikon ngecurke Inah neng pancen wedange pak Wigeno, karo kon muni ngene :
“Peletmu ora mandi ..... (ping telu). Sawise kuwi Inah njur kon mulih adus kramas, karo aja entuk bali neng nggone pak Wigeno meneh”.
“Nek Inah mboten nggugu pripun mbah ?”, pitakone Wagiyo ngemu samar.
“Wis ta mengko angger wis tak sranani, mengko Inah rak manut apa pakonmu, janji welingku neng kowe wis mbok tindakake”. Ngono kandhane mbah Kaji. Bareng Wagiyo wis rampung olehe pasa, Inah kokya nurut apa pakone kekasihe. Lan wiwit kuwi ...... Inah wis blas ora tau kelingan pak Wigeno maneh. Embuh mengko piye nasibe mbokne sing sekawit disiri pak dhudha kuwi, ning jebulane salah sasaran. Mbok randha slamet, ning Inah anake sing kena guna-gunane pak dhudha, amarga ngobe jamune mbokne sing wis dileboni mantra.
T A M A T