Kamis, 10 Mei 2012

CERKAk Ayumu jebule Ora Tulus


Ayumu Jebul Ora Tulus

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.
Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi.
Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam … aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.
Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.
Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.
Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.
“Wonten kabar ingkang hangat, mbak?”, ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen.
“Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas”, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.
“Wih … angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal.” Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke :
“Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran dereng?”, pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon :
“Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli :
“Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,” kandhane.
“Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?” cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti.
“Dhawah saking bis mbak” wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke.
“Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas?”, bocah mau isih ngoyak terus.
“Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag.”
“Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?” Uh kena pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.
“Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.” Si Dul Anak Sekolahan” ingkang kaping kalih.” Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :
“Mas ini kayaknya wartawan ya ?” ngono kandhane nganggo basa cakecandhake.
“Bukan”, kandhaku gedheg.
“Kalau bukan wartawan, pengarang ya ?”. Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha :
“Apa malah perayu, mas ?” Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene … ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha :
“Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,” kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone ndedhes terus.
“Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ?” jawabku :
“Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.” Cah ayu mau gage nyaut :
“Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !”. Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh :
“Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan” aku ngaku jujur.
“Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke.” Kandhane cah ayu rumangsa menang.
“Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku Warto.” Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge :
“Ningtyas.” Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :
“Daleme ngendi mbak ?”
“Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ?” Ningtyas genti takon.
“Asalku mono Sala mbak … ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.”
Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.” Kandhane polos.
“Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.”
 Halaman 2 dari 3
“Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.

“Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.” Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :
“Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa seneng kekancan karo sliramu.” Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo mesem,njur takon :
“Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?” Aku dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele :
“Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng.” Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :
“Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi.
Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.
Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :
“Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ?”.
“Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira0 aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya.” Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :
“Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku …” Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon :
“Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki.”
“Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik “Sumber Waras” kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ?” Ningtyas aweh keterangan.
“Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.” Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir :
“Pak sopir kiri, pak !”. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.
Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra.
Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.
Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram … dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata : Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.
Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani.
Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae ? Ah … ya embuh.
Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel ndak kipatake.
Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.
Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan … neng ati bisa nganyut-anyut … rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemu Ningtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang Sala.
Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.
Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik “Sumber Waras” ing Jl. Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.
Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.
Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang, … oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.
Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak.
Ya ampun … gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng cedhak :
“Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ?”
“Durung kok, jeng,” wangsulanku.
“Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki”, kandhane jeng Ning.
“Ngono ya becik, jeng”, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali marani aku karo kandha :
 Halaman 3 dari 3
“Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya” kandhane santai. “Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng?”, aku takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.

Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.”
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk.” Kandhaku aweh pamrayoga.
“Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,” wangsulane serius.
“Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.” Kandhaku.
“Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas ?”
“Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,” wangsulanku.
Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi,” pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba :
“Pak, teng hotel Gadhing,” taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.
Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :
Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.” Kandhane :
“Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget neng atiku.” Kandhaku blaka.
“Wow … yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan sepisanan kae aku njur piye … ngono je, mas, karo penjenengan.” Kandhane jeng Ning karo ngguyu sajak piye ?.
Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.
Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.
Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha :
“Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran iki.”
“Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna !, sliramu ngasoa !.
“Masalahe ora segampang kuwi, mas.” Kandhane Ningtyas, karo dumadakan kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :
“Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ?” Jeng Ning gedheg tandha yen ora.
“Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ?”
“O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.” Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek memelas.
Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :
“Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani ?, utawa wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng ? Aku jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, … sesuk apa suk emben, aku saguh sowan wong tuwamu nglamar sliramu.”
Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.
“Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.” Kandhaku ngayem-ayemi.
“Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku ?”, pitakone kanthi swara nglentrih.
“Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake”. Kandhaku tulus.
“Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.” Kandhane cetha.
“Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?” aku ngambali takon. Jeng Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman. Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :
“Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku, mas?”
“Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk ngemungna aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.” Krungu kandhaku mau, jeng Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha :
“Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing bisa ndak enggo ngayom salawase.” Kandha ngono jeng Ning nyawang aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :
“Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.”
“Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan tujuan,” kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha :
Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita akeh.”
“Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut,” kandhaku.
“Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :
Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,” ngono kandhane karo mlayu neng kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha :
“Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene”, kandhane.
“Iya jeng, sing ngati-ati,” ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka njaba.
“Masuk,” kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh, yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.
Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar ?.
Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine :
Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih banyak lagi.
Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg … atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto : “Oh … Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.”
“TAMAT”











Tidak ada komentar:

Posting Komentar