Salah
Sasaran
Mas Giman, crita punika namung fiktif, sekedhar kangge
ndherek ngregengaken siaran lelangen. Sumangga kawaosna ! :
Ing ndesa Jabalkat, ana sawijining randha enom duwe anak
wadon siji sing wis ngancik diwasa. Gandheng uripe ya mung dhanyang buruh, mula
anake mbok randha sing jeneng Inah, bareng wis lulus SD ya njur mogok ora gelem
sekolah, dhasar bocahe ya ngerti yen kanggo mangan wae rekasa, apa maneh kanggo
wragat sekolah.
Inah lan mbokne, ing sadina-dinane nyambut gawe golek
pangan dhewe-dhewe. Mbok randha buruh tandur apa derep, dene Inah buruh
ngumbahi apa setlika nggone tanggane. Pokoke, lelorone golek pangan saentuke
ning dhewe-dhewe jalure.
Wis ana seminggu iki mbok randha dikongkon masakake pak
Wigeno sing lagi nyambat ndandani omah, biyen gedheg diganti bata. Mbok randha
mono senajan wis nduwe anak prawan, ning merga wonge tansah ngrumat awak,
resikan lan seneng jejamu, mula ora mokal senajan wis umur telung puluh telu
taun isih katon kempling, isih katon sedhep yen sinawang priya.
Pak Wigeno sing wis ditinggal ngajal bojone udakara
telung taunan kuwi, wis rumangsa kesepen banget. Mula anane mbok randha sing dikongkon
masakake tukang ing omahe, sing saben ndina ana ngomahe kuwi kena kanggo tamba,
senajan mung entuk nyawang, lan ngajak omong-omong yen pinuju sela lan sepi
uwong. Pak Wigeno sok mancing-mancing gunem, e mbokmenawa mbok randha isih
gelem yen diwengku priya. Merga nyatane pak Wigeno suwe-suwe ana rasa sir lan
seneng karo mbok randha sing isih kempling lan sedhep kuwi.
Ning gandheng mbok randha wong lugu, mula ora tanggap
karo karepe pak Wigeno sing sok ngganyik ngajak omong kuwi. Ngertine majikane kuwi
ya mung wong apikan ngono. Kejaba kuwi, senenge mbok randha ya anggone pak
Wigeno nyah-nyoh dhuwit, ora ketang kuwi mung susuk olehe blanja. Pak Wigeno
ngerti, yen mbok randha senengane mung tuku jamu, yen tuku jajan paling-paling
ya mung gethuk thiwul sing mbejaji limang atusan.
Yen Inah pas ora ana sing kongkon utawa mbutuhake baune,
karo mbokne ya sok dikon ngrewangi olah-olah neng nggone pak dhudha. Semono mau
dening pak Wigeno , Inah ya di wenehi persen utawa pituwas dhewe. Gandheng mbok
randha ora tanggap karepe pak Wigeno , mangka pak Wigeno sejatine kepingin
banget ngrumat (ngepek) mbok randha, mula pak Wigeno meneng-meneng mara neng
dhukun njaluk pengasihan supaya mbok randha seneng lan gelem nanggapi karepe
utawa dirabi.
Mbah dhukun njur takon pak Wigeno :
“Pak Geno, napa sampeyan ngertos kesenengane mbok randha
?”
“O ngertos sanget mbah dhukun, mbok randha niku senengane
mung ngombe jamu”.
“Lha nek mung ngoten mawon gampang”. Kandhane mbah
dhukun.
“Sesuk sampeyan tuku jamu galiyan putri njur dibekta
mriki, nek empun kula mantrani, sampeyan sukakake mbok randha kajenge diombe”.
“O nggih mbah dhukun”. Tenan sawise pak Wigeno masrahake
jamu njur dimantrani mbah dhukun, pak Wigeno nggawa jamu mau mulih njur
diwenehake mbok randha karo kandha :
“Gilo mbok randha, aku tuku jamu galiyan, nyoh ombenen
ben awakmu waras, giyat olehmu nyambut gawe !”. Mbok randha nampani kanthi
bungah tembunge :
“Nuwun sanget pak Geno, mangkeh kula ombene”. Jamu
ditampani njur digawa mulih, sawise rampung gaweyane. Tekan ngomah jamu diseleh
meja, rekane arep diombe mengko yen wis arep mapan turu.
Sore iku Inah uga mulih saka nyambut gawe, dikongkon meme
gabah mbah Pawiro wetan kana. Mlebu ngomah weruh jamu neng meja, mangka mbokne
lagi adus neng sumur mburi omah, Inah mikir : Wah sedina meme gabah awakku kok
krasa kesel, ben jamune simbok tak ombene, ben mari kesel. Jamu diombe sepisan
gusis, gelas digawa neng pawon njur di asahi. Rampung adus, mbok randha mlebu
ngomah ora nglegewa nek jamune wis di ombe Inah, mula ya meneng wae. Kosok
baline Inah, sawise ngombe jamu, kaya-kaya kok mung ketok-ketoen pak Wigeno
wae, mula kandhane karo mbokne :
“Mbok, sesuk aku tak melu nyambut gawe kowe ya, wong
sesuk aku nganggur”.
“Ya kena wae ta nok, aku ya seneng kok yen mbok re
wangi”. Kandhane mbokne bungah. Nalika arep mapan turu mbok randha lagi eling
jamune. Niliki ndhuwur meja wis ora ana, mbok randha njur takon Inah anake :
“Nok, kowe weruh jamu ning meja kene ?” Gage wangsulane
Inah :
“Weruh mbok, wis tak ombe, jeneh aku krasa kesel je mbok”
“O o ya wis nok, padha wae, jare pak Wigeno , kuwi ya
jamu mari kesel, wong sing menehi dheweke”.
“O dadi jamu kuwi mau pawehe pak Wigeno ta mbok ?”
“Iya, ya lumrah ta nok, wong aku bebaune”. Inah njur
mikir, genea sawise ngombe jamu kok njur ton-tonen wewayangane pak Wigeno ?
Tenan esuke Inah melu mbokne nyambut gawe neng omahe pak dhudha. Inah gumun,
genea yen weruh pak Wigeno atine kok rasane seneng banget. Bareng weruh tekane
mbok lan anak kuwi, pak Wigeno takon mbok randha :
“Piye mbok randha, jamune rak jos ta ? Mesthi keselmu
njur ilang”. Gage panyaute Inah :
“Wong kula sing ngobe pak Wigeno , tikna kesel, kula
mboten taros kalih simbok”.
“Dadi malah kowe ta Nah sing ngombe ?”
“Enggih, nyuwun ngapunten nggih pak !”
“Ora papa ..... ora papa Nah, lha kowe mrene ki apa ora
di sambat tangga teparo kon ngumbahi apa setlika ?”
“Mboten pak, malah kula kok njur kepingin mriki ngrencani
simbok”. Dheg .... atine pak Wigeno bungahe ngayang batin. Ngarah mbokne kok
malah kena anake. Kandhane :
“Wista Nah, nek perlu kowe neng kene ngrewangi mbokmu
terus, gaweyanmu cukup reresik njero ngomah karo blanja, uga nyepakake
manganku. Mbokmu ben sing mangsak lan nyapu njaba”.
“Enggih pak, ndherek mawon”. Ngono wangsulane Inah seneng
banget.
Saiki wis ana sesasi Inah nyambut gawe neng nggone pak
Wigeno . Pak Wigeno saya mantep, yen aji pengasihane wis tumama neng Inah.
Kerep wae Inah dijawil...... dijanggut meneng wae. Saben ndina sisa dhuwit
blanjan sing njarag diluwihi, mesthi dikon ngepek kabeh, saya gawe bungahe
Inah. Dheweke sasat kaya wis klebu wuwu. Dirangkul, diaras pipine, dijejeri
lungguh mepet, Inah rasane mung seneng. Ning pendhak rampung nyambut gawe, Inah
mesthi diajak mbokne mulih, sing mesthi wae ora bisa suwala.
Mangka sejatine Inah kuwi wis sambung tresna karo Wagiyo
sing nyambut gawe dadi tukang kebon sekolahan SD ing ndesane.
Sakploke Inah nyambut gawe neng nggone pak dhudha, wis
ora tau kelingan karo Wagiyo pacare. Kosok baline Wagiyo sing pendhak sore mara
neng ngomahe, ngomah suwung, merga mbok randha lan Inah durung mulih. Merga wis
kangen tenan, Wagiyo ngenteni samulihe. Bareng wong loro mulih, Inah ya terus
nemoni kaya adat saben. Crita ngethuprus, anggone wis seneng nyambut gawe nggone
pak dhudha, merga saben ndina Inah mesthi diwenehi dhuwit. Nyambut gawene sak
karepe, tur diuja karo pak dhudha. Kerepe mung diajak lungguhan karo
omong-omongan.
Krungu pengakuane Inah mau, Wagiyo sing tilas bocah
pondhok kuwi krasa, yen Inah mesthi wis diguna-guna karo pak dhudha. Mula
niyate Wagiyo arep nawarake pelet mau srana njaluk pitulungan mbah Kaji, wong
sing dianggep pinter ing samubarange. Tenan sawise Wagiyo sowan mbah Kaji,
dening mbah Kaji didhawuhi pasa mutih telung ndina, njur diwenehi banyu putih
sabotol. Dhawuhe mbah Kaji, banyu kuwi dikon ngombe Inah, turahane dikon
ngecurke Inah neng pancen wedange pak Wigeno, karo kon muni ngene :
“Peletmu ora mandi ..... (ping telu). Sawise kuwi Inah
njur kon mulih adus kramas, karo aja entuk bali neng nggone pak Wigeno meneh”.
“Nek Inah mboten nggugu pripun mbah ?”, pitakone Wagiyo
ngemu samar.
“Wis ta mengko angger wis tak sranani, mengko Inah rak
manut apa pakonmu, janji welingku neng kowe wis mbok tindakake”. Ngono kandhane
mbah Kaji. Bareng Wagiyo wis rampung olehe pasa, Inah kokya nurut apa pakone
kekasihe. Lan wiwit kuwi ...... Inah wis blas ora tau kelingan pak Wigeno
maneh. Embuh mengko piye nasibe mbokne sing sekawit disiri pak dhudha kuwi,
ning jebulane salah sasaran. Mbok randha slamet, ning Inah anake sing kena
guna-gunane pak dhudha, amarga ngobe jamune mbokne sing wis dileboni mantra.
T A M
A T
Tidak ada komentar:
Posting Komentar