Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande
Lumut''
Skenario Drama
“Ande-ande
Lumut”
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah
ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining
pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika
putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten
marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi
wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking
mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan
gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian
1 :
(musik 2 : di hutan <awal>)
Kalih tiang kaneman mlampah
ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten
kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke.
Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados
jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan
waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)
Pangeran
: Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
Bejo
: Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
(keterangan: berjalan mundur….
Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).
Pangeran
: aduh… kowe kui ati-atio….
Bejo
: hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten
wingking kula…
Pangeran
: rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo
: wonten napa pangeran….
(keterangan: dua orang duduk
bersama dan bercerita)
Pangeran
: Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo
: Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran dan
pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)
Pangeran
: Siapa kui jo…
Bejo
: kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran
: ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan: Yang ditanya
diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
Pangeran
: Kulanuwun… bu….
(keterangan: Pangeran mendekat
pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)
Mbok rondo
dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran
: kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo
dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe
arep ngapa neng kene??
Pangeran
: kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane.
Mbok rondo
dadapan : Wah.. yow wes…kowe
melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran :
Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo
dadapan : mulai sekiki
kowe dadi anakku.kowe tak
jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan: Pangeran bersama
dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)
(Musik 3 di hutan < akhir
> )
Bagian
2 :
(musik 4 : dirumah keluarga
kleting-kleting <awal>)
Wonten injang ingkang terang Mbok
rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting
sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah
sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan
tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados
putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi
nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake
kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting
kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak
lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting
merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo
Kleting
: Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug
Kleting-kleting
: injih . Mbok…
Mbok
rondo
: ngene ndug ana berita sing penting banget…
Kleting
merah
: Berita apa to mbok… (dewasa)
Kleting
Hijau
: iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat
sambil memegang tangan mbok rondo kleting)
Mbok rondo
kleting
: kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe
anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting
: Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem
no….
Mbok rondo
klenting : iyo,, mbok rondo
dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo
pendampinge…
Klenting-klenting
: wahh ,,,purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah dan hijau
bersama bergaya manja, centil)
Mbok rondo
kleting
: iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi
putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande
lumut.
Kleting-kleting
: Iya mbok.. purun_purun…
Kleting
merah
: wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
Kleting
hijau
: ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….
Kleting merah
: heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting
: wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do
udur…!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting
:injih mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau
meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning
ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan
dialog.
Kleting
Kuning
: Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo
kleting
: Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning
: Sampun mbok…, ngenten mbok… Jambu
opo Jeruk Aku melu Opo ntuk. kula inggih kepingin nglamar dados
garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo
kletling
: Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(keterangan: mbok rondo
memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)
Mbok rondo
Kleting
: yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu
karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan: Mbok rondo
mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting
kuning
: Injih mbok…
(keterangan: Kleting kuning
meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
Mbok rondo
Kleting
: Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane
lumut yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan: mbok rondo
kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing
ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa
kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga
kleting-kleting <akhir>)
Bagian
: 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,,
suara ghaib <awal>)
Kleting kuning saben dinten nyambut
damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan
keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo
klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake .
piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge
piyambakipun.
Kleting
Kuning
: Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi
kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib
<tengah>)
Suara
Ghaib
: Hai… cah wadon ayu.
Kleting
kuning
: Siapa kui…
Suara
Ghaib
: Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting
kuning
: ameh ngapa kowe?..
Suara Ghaib
: Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki
keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting
kuning
: Injih matur nuwun..
(keterangan: Kleting kuning
meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib
<akhir>)
Bagian
: 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang
toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang
nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan: Yuyu kangkang
sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu
kangkang
: Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu
ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting
Merah dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting
merah
: Wah… kaline banjir…
Kleting
hijau
: Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting
merah
: kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting
hijau
: Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting
merah
: Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu
kangkang
: Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting
merah
: Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
Yuyu
kangkang
: Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting
merah
: imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
Kleting
hijau
: yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang
: dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting
: Prett….
Yuyu
kangkang :
Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting
merah
: apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu
kangkang : ora tak
kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting
hijau
: ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting
merah :
iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii
Yuyu
kangkang : yow wes
yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah dan
hijau berembug)
Kleting
merah :
yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang
menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
Yuyu kangkang
: Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah
wadon ayu-ayu..
(keterangan: datanglah kleting
kuning akan menyebrang)
Yuyu
Kangkang
: Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting
Kuning
: Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu
kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu
kangkan
: Hahaha… aku wegah
Kleting
kuning
: mengko tak keki duit…
Yuyu
kangkang
: aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar
wung wadon elek
Kleting
Kuning
: alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning
mengeluarkan biting)
Kleting
kuning
: Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu
kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget
lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si
ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)
Bagian
5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo
dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun ingkang nami
Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande
lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah
ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang
menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting
merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting
: Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan
: Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting
merah
: kula mbok…Kleting Merah
Kleting
Hijau
: kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo
dadapan : wah.. ono
cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting
: Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo
dadapan : Owh..
arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
(keterangan: mbok rondo
menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)
Mbok rondo dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi…
putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande
Lumut
: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo
dadapan
: Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting
hijau
: Cobi kulo mbok…
(Musik 14 : kleting ijo)
Mbok rondo
dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri
kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang
dadi asmane…
Ande-ande
Lumut
: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo
dadapan
: wah… ora glem kabeh kae…
(Tidak lama kemudian, datanglah
Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya
coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting
Kuning menuju mbok rondo)
Kleting
kuning
: Assalamu’alaikum…
Mbok rondo
dadapan
: wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting
kuning
: kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo
dadapan
: Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting
merah
: La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok
sansoyo kowe??
Kleting
Kuning
: Di coba disik mbok…
(Musik 15 : kleting Kuning)
Mbok rondo
dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi…
putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande
Lumut
: Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko
kang putro… suwun.
Mbok rondo
dadapan
: Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande
Lumut
: mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting
kusak-kusuk)
Mbok rondo
dadapan
: Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande
lumut
: Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mok rondo
dadapan
: Apa kui???
Ande-ande
lumut
: Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek
penggalaman urip.
Mbok rondo
dadapan
: Apa… pangeran…???
Kleting-kleting
: haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting
pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados
sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake
dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji
. Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun .
pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.
(Musik 16 : penutup )
Selesai
Tidak ada komentar:
Posting Komentar